Pidato Bahasa Daerah

           
           Pidato Bahasa Daerah

            Assalamualikum Wr.wb
Sedoyo puji syukur katujuakendumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring katah kanikmatan dumateng kita sedoyo, ingkan arupi kesehatan lan kesempatan saenggo kita saged kempal ing griyobkulo menika wonten ing acara tasyakuran inggah inggahan kelas ingkang sami kito mangerti sedoyo.
         
          Para rawuh ingkan kulo mulyaaken, ing kalodangan menika kaparenga kula minangka sesulihipun kanca kanca kelas V, ngaturaken gunging panuwun dumateng bapak lan ibu guru ingkang  sampun nggulo wentah dumateng kula sakonco kanti tlatos lan ikhlasing penggalih saenggo kita sedoyosaged minggah dating kelas VI sedoyo kanti biji ingkang mboten nguciwani. Mugi mugi sedoyo amal sae kalawau  pikantuk ganjaran saking Allah SWT ingkang katah lan tansah pinaringi kesehatan lahir tuwi bathos.
         
          Ugi mugi mugi ilmu ingkang sampun kaparingaken dumateng kula sedoyo saged migunani dumateng kula sedoyo ing wekdal salajengipun.
Ing kalodangan neniko kaparenga kula minangka sesulihipun kanca kanca nyuwun gunging pangapunten saking sedoyo kalepetan salebete kula sedoyo ngangsu kawruh ing kelas V
         
          Mekaten ingkang saged kula aturake, mbok bilih wonten lepate rembag kula nyuwun gunging angapunten.

Bilahitaufik wal hidayah, Wassalammu ‘alaikum Wr. Wb
  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Pidato Bahasa Daerah "

Post a Comment