Pacelathon Bahasa Jawa "Terwelu"

Terwelu
Cici mlajeng-mlajeng wonten sumunaring rembulan, mandeg ing pucuke gundukan sinambi manthengake talingan ingkang alit.
Bitbit : “Ora ana wigunane manthengake talinganmu amarga talinganmu cekak, sira kuwi guduk terwelu sira kuwi luwih pantes diarani kucing.”(karo ngguyu)
Rembulan : “Cici Cici aja sedih”
Cici ndeleng kiwa tengen nanging mboten wonten sinten sinten.
Rembulan : “ Teng mriki Cici”
Cici            : “ Rembulan? “
Rembulan : “ Mesti wae, sinten maneh . aja sedih amarga kupingmu cendak lan wulumu belang, ora putih. Iku                 kabeh amarga kowe saktemene keturunan putri terwelu.
Cici            : “ Putri Terwelu??”
Rembulan : “ Nggih,Nalika jaman bien, kabeh kewan kupinge dawa lan wulune polos. Bangsa Kelinci kalebu sing paling endah, kupinge cendak lan wulune belang belang. Lan putri terwelu nduweni belang paling akeh lan kupinge paling cendak.Dheweke Putri kang apik lan mboten sombong. Emane, ora kabeh terwelu apik watake, sombong lan ora gelem serawung kaliyan kewan liya.Dheweke uga ora gelem yen dijaluki pitulungan.Sawijining dina, kurunga pawarta yen arep ana banjir gedhe.Para terwelu arep gawe perahu kang cilik lan endah. Nanging Putri terwelu ora sarujuk, dheweke pingin kumpul kaliyan kewan kewan liyane ing prahu kang gedhe. Nanging terwelu ora manut lan gawe prahu dewe, kukuh marang karepe.
Cici             : “ Terus Sakbanjure kepriye rembulan?”
Rembulan : “ para kelinci mau gawe prau cilik, tapi di renggoake.Akhire dheweke kebebeng maring ombak, banjur....
Cici            : “ Banjur yoknopo kadadeyane??”
Rembulan : “terwelu kuwi meh bae kelelep nanging kewan kewan liane arep nulung.Akhire terwelu terwelu kuwi slamet.Pungkasane, belang belange terwelu kuwi ilang lan kupinge dadi dawa.Nanging anehe, kewan kewan sing kecipratan banyu mau dadi duwe belang lan totol totol.
Cici             : “Tapi,yen wulune terwelu terwelu kuwi dadi wulus, kenapa kok wuluku dadi belang belang?”
Rembulan : “ Amarga kowe keturunan putri kelinci”
Cici rumangsa bungah banget.
Rembulan: “ nanging elinga ya...., aja dadi Cici sing andhap asor marang sapa wae.”
Cici           : “ enggeh, mesti wae rembulan, aku ora bakal sombong. Matur suwun ya rembulan”
Rembulan : “iya, pada-pada Cici.”

Bit Bit  : “ ya wes sepurane yo ci, aku gak bakal ngina ngina awakmu maneh.”

Pesen Cerita :
“dadi manungsa aja seneng ngina wong liya, amarga isa isin dewe.”


Katrangan :
Earlyanne Andrea Sarosa       : Narator
Galuh Dyah Pitaloka Hayyu    : Rembulan
Raissa Antyanta Putri              : Cici
Tasya Angelina Mangare        : Bit Bit
  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Pacelathon Bahasa Jawa "Terwelu""

Post a Comment