Pacelathon Basa Jawa "Kancil kang Cerdik"



Pacelathon Basa Jawa

Kelompok : Earlyanne Andrea Sarosa   
         
         Galuh Dyah Pitaloka Hayyu
                   Raissa Antyanta Putri
                   Tasya Angelina Mangare
                    

Macan seng Bodo  

Esuk iku kancil mlaku ing pinggir alas,dumadakan ono macan luwe teko nang ngarepe.
Macan:cil aku 3 dino gak mangan daging (jaare macan karo iler netes)
Kancil : kate mangan aku a sopo wedi oleh ae
Macan:temenan a cil awakmu gelem tak pangan
Kancil  :iyo aku gak opo-opo, aku lek kewan cilik a kate gak gelem yo gak iso 
 
Macan:kenopo cil?
Kancil:sadurunge mati aku njaluk siji penjalukan
Macan:opo iku
Kancil:aku tak golek mangan dilu ae yo,aku tak mangan godhong utawa opo ngono lo sukur-sukur ono mentimun
Macan: yo wes cil
Kancil: suwun yo can, saiki meremo age
Macan : la lapo kok atek merem barang?
Kancil : iyo can, koyo dulinan jumprit singit, wong yo aku ra iso mlayu adoh tekan awakmu
Macan : yo wes cil, tak merem cil
       Kancil mlayu sak kuat tenogone
Macan : wes a cil?
Kancil : gurung
Macan : wes ta ciiiillll...
Kancil : guuuurrrrruuuuunnngggg....
Macan : wes ta ciiiillllllllll......?
       Ora ono jawaban teko kancil. Macan iku moro melek.
Macan : wahhh, neng endi kancil iku?? Moro-moro deweke ngapusi aku??
       Macan nggoleki Kancil nang endi-endi, tapi ora ketemu
Macan : bodo ne aku, aku kok gelem nuruti karepe Kancil, awas ae lek ketemu cil!!!!!!!!
       Pas iku kancil sek mlayu nggolek panggon singitan
Kancil  :mugo-mugo macan loro weteng,loro untu,kecocok weri dadi gak iso nguber aku
       Kancil mlaku tolah-toleh  nang mburi terus ora ndelok ngarepe
Kancil :waduh aku meh nabrak ulo seng turu iki
       Kancil turu gak adoh tekan ulo iku 
Kancil :’’suwe-suwe macan iku mesti iso nemukno aku yokopo yoo cek iso ucul
       Macan nggoleki kancil sampe wes awan.
Macan : grrrrrrr.....ihhh kancil mbetik , singitan nang endi ae mesti tak temukno aku lo iso ngambu kringetmu
       Suwi-suwi.
Macan:nahh iki opo,kancil iki
Kancil  :sssstttt,,... ojo ngomong banter-banter can
Macan :kate opo maneh,kate ngetoki aku maneh a?
Kancil  :oraaaa iii loo sabar diluk poo
Macan:akuu ikuu lohh keluwen banget cil, wess iklash o tak emplok
Kancil :sabar aku lungguh ndek kini iku oleh tugas tekan raja
Macan :ojo gero opo e tugasmu
Kancil  :ayo melok aku
       Macan dijak nyedeki ulo seng turu, lek didelok ulo iku koyo sabuk digulung rapi 
macan :cil iki lak ulo
kancil :duduk can iki sabuke raja sing nguosoi kewan-kewan,sopo ae seng gawe sabuk iki bakal diwedeni kabeh kewan ing dunyo
macan : iku sabuke tak gawe yo cil
kancil :ojo
macan:lek gak oleh tak gawe, yo awakmu tak emplok loh
kancil :yo wes gak opo-opo
       macan banjur ndilati sabuk iku sakdurunge gawe sabuk iku 
macan:sabuk iki alus yoo
ular     :heeee ..., macan ngelamak wani-wani ne ngganggu turu ku

macan lan iku pun gelut seru lan suwi
 
kancil :hihhihihihihihihihihihihihiihi ,.... aku gak pengen ndelok sopo seng menang kalahe ,. Utawa urip matie luwih becik aku mlayu adoh adoh tekan nggon iki,
  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Pacelathon Basa Jawa "Kancil kang Cerdik""

Post a Comment